Jumat, 14 Mei 2010

Dialaek Indramayu/Cirebon

Sub dialek Cirebon / Indramayu utawa biasa diarani Basa Crebon / Dermayu kuen salah siji sub dialek kelompok basa Jawa wilayah kulon. Sub dialek kien dituturaken ning kabupaten Cirebon karo kabupaten Indramayu Jawa Barat lan ning kota-kota Pantura Jawa Barat yaiku Cilamaya (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakanagara (Subang), Indramayu, Cirebon, Losari Wetan, ngantek sebagian sisi kulon kabupaten Brebes, Jawa Tengah.


pada umume dialek kien dituturaken kanggo urusan perdagangan nang pesisir lor Jawa Barat sebab jaman bengene kota Cirebon kuwen salah siji kota pelabuhan/bandar utama ning tlatah Jawa, kuwen sekitar abad 15 nyampe abad 17.

Sedurunge, sub dialek kiyen padha bae karo dialek basa Jawa wilayah kulon liyane, perubahan mulai katon mulai abad 17, dialek kiyen mulai kenang pengaruh budaya lokal karo pengaruh basa Sunda. Sakien, dialek Cirebon / Indramayu masih tetap duwe bentuk-bentuk dasar basa Jawa wilayah kulon utamane ning kalimat-kalimat karo pengucapane sing wis ora dienggo maning ning tata basa basa Jawa Baku / Standar (Yogyakarta, Solo karo Semarang / Joglosemar).

Sebagian budayawan Cirebon duwe rasa khewatir sub dialek kiyen mengkone bisa pudar sebab kalah bersaing karo basa Sunda apamaning tlatah Cirebon/Indramayu secara administratif anane memang ning Propinsi Jawa Barat. Alesan sejene program muatan lokal (Mulok) daerah ning sistem pendidikan nasional kuwen kiblate masih ning wilayah administratif Propinsi, dadi muatan lokal ning wilayah Cirebon/Indramayu ialah basa karo budaya Sunda. Tapi kita kudu bangga dadi wong cerbon atawa dermayu, aja sampe kita isin arep ngomong dermayonan atawa cerbonan. kaya bature kita dermayu sing ana ning yogyakarta akeh sing isin ngomong nganggo basa dermayonan karo bature.

sebenere sing luwih akeh jenise basa kuh, yaiku bahasa dermayonan masalahe, hampir tiap beda desa bae logate bede lan bahasane rada beda. contohe kanggo nyebut awake dewek yaiku ana sing kita, reang , inyong, dewek, lan sejen- sejene masih ana. jerene wong tua mah kuen kuh tergantung nenek moyange asline sing ndi? lamon nenek moyange wong sunda ngomomge sedesa sunda kabeh, lamon nenek moyange sing wetan ya ngomonge kaya wong wetan. pengen luwih mendalami sejarahe dermayu maca bae buku babad tanah dermayu.

Sumber :
http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Dialek_Cirebon/Indramayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar